Shalawat kepada Nabi Muhammad SAW

pas neng warung, "waduh mas tambah numpuk kebutuhan tapi pemasukan tetep ae, gajian ndak mundak, iso-iso utangan tambah numpuk, lah iki rejeki rasane tambah seret ae, wis diuber2 cicilan pisan, hadew...omong2 aku iso ngutang pean gawe nambal cicilan awal bulan iki ta (gawe mbayar listrik karo kpr" .... prasamu aku bank ngono ta, podo ae bro, wiraswasta tambah soro, isine rok2asem, aseme wis ndak nguwo, mangkane bpkb/surat tanah podo sekolah kabeh, iki yo ngelu angsuran 3 bulan wis gak kebayar, iso2 sepeda motor diangkut dealer, malah aku arep ngutang awakmu je....

hehehe.......ayo sopo sing kroso koyo neng ngarep mau, gak sengojo ndelok c jo sing diwenehi juragane sangu, weee jan c jo iki rek wis mantep tenan, wonge amanah gak macem2, iso njogo hartane juragane, dadine juragane yo gak peritungan mergo seneng karo c jo.....hemm iku podo menungsone ndanio gusti Allah sing maha kaya maha pemurah maha penyayang nek awake dewe iso amanah/iklas karo opo2 sing dike'i gusti Allah lan Allah rido, wah mantep tenan.....dadi nek pingin dititipi gusti Allah ben akhirat kenek nduyo katut yo piye carane supoyo awake dewe "pantes" neng ngarepe gusti Allah gawe dititipi rojo brono/ilmu/kepemimpinan/wibawa....ojo salah njupuk dalan sing nguber nduyo tok tp akhirate ucul... اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ

Comments

Popular Posts